Sanggar Seni Satria Bima

Minggu, 15 Januari 2012

Sêndhon Langênswara, Pigeaud, 1953, #1429

Sêndhon Langênswara
Bawa
I. Citramêngêng
1. Risang Maha Yêkti | sawusing sêmadi | munggwing pacrabakan | dangu aningali | wijiling sasôngka | saking graning ardi | karênan tyasira | alon angandika ||
Katampèn ing gêndhing
I. Langên-gita
1. siswa prasamya langên ing jaba | padhang bulan ri sêdhêngirèng purnama | iku yogya mangenggar-enggaring driya ||
--- 4 : 150 ---
2. wonya sarana mangidung samya | mastawaa marang Hyang kang Maha Nasa | jroning suka tunaa ing dukacipta ||
3. ngripta taman sajroning asrama | winursita guna warnaning kang puspa | aranira kadi ta ingkang winahya ||
4. andong tinandur têpining gêdhong | argulo bang lumembang pagêr balumbang | kêmbang anggrèk rumambat angêmpèk-êmpèk ||
5. noja kêmbang pasrèn tanpa gônda | kêmbang nala kacika saru kang warna | nagasari winor borèh lawan jampi ||
6. cènggèr abang mêngês mèngèr-mèngèr | kêmbang clakêt pinêthik nalutuh plikêt | mbang cêpaka kuning seta mawa gônda ||
7. rukêm rinanggèh runtuh satêkêm | ragaina wungu ambune tan ana | mbang rêjasa pinggir wungu têngah pita ||
8. kalak kanikir kalingan klurak | kanigara kêmuning kapit kênanga |
--- 4 : 151 ---
kalilika karakêt kasatan toya ||
9. dlima tinandur ngubêngi wisma | kêmbang dangan marambat nèng anjang-anjang | kêmbang dilêm gandane mulêk mring dalêm ||
10. tluki tinandur têpining bèji | tunjung trate kumambang satêngahing we | kêmbang tlutur tumuntur nèng pinggir batur ||
11. sruni sumrik rume maratani | kêmbang sungsang endah warnane sinarang | sumarsana warna adi tanpa gônda ||
12. soka abang kuning ingkang warna | mbang sri gadhing mêgar ngambar bangun enjing | sang sulastri warna putih ngrajapèni ||
13. wungu warna bagus tanpa ambu | mung warsiki kongas gônda warna adi | wora-wari abang rumpuk seje warni ||
14. landêp kuning sungsune nyalêndêp | lara wudhu wadhèh wadhag tampa[1] ambu | lara kêndhat isthane kalungkên dharat ||
15. pudhak kongas gandane yèn cêdhak |
--- 4 : 152 ---
kêmbang purba nagara manut ing surya | pônca suda pindha gambir kaot seta ||
16. dhawe lir mayang datanpa gawe | kêmbang dhadhap abang mêkare sakêdhap | kêmbang dhuwêt rinujak rasane sêpêt ||
17. janti irêng mêngês mêrak ati | kêmbang jagung sarine kanggo wong agung | wit jêlamprang godhong wungu kêmbang abang ||
18. mlathi sumumping nèng athi-athi | kêmbang mênur sumêbar satêngah kasur | môndhakaki godhonge kinarya jampi ||
19. gambir lir gambar sumêbar pinggir | kêmbang gadhung manggone kinarya gêlung | gôndapura gandane kinarya lênga ||
20. bangah tan pantês tinandur ngomah | kêmbang bolu asrine lamun dinulu | kêmbang bakung dadi rêngganing mangun kung ||
--- 4 : 153 ---
Bawa
II. Kumudasmara
1. sang widayakèng praja | ing utara gita nama | sira mandana rêna | sung wasita ring pra siswa | gwalaksitaning jana | ta ngayu têkwan tangdurta | tinrap nèng pralampita | kêmbang kinarya upama ||
Katampèn ing gêndhing
II. Walagita
1. kêmbang adas sêdhêp gandanira kongas | iku radèn yèn janmaa | sarana kanggo ing karya ||
2. kêmbang nôngka liya rinujak tan ana | iku radèn yèn janmaa | ngadoni karya candhala ||
3. kêmbang cêngkèh gônda arum warna rèmèh |
--- 4 : 154 ---
iku radèn yèn janmaa | tan nyana ngêntasi karya ||
4. kêmbang crême nora tamtu kanggo gawe | iku radèn yèn janmaa | nora butuhakên praja ||
5. kêmbang rawe gung sinarang panggonane | iku radèn yèn janmaa | durjana pangawak wisa ||
6. kêmbang krandhang warna wungu wismèng jurang | iku radèn yèn janmaa | tan komram wêdi ing karya ||
7. mbang kasturi warna bagus gônda wangi | iku radèn yèn janmaa | linulutan ing sêsama ||
8. kêmbang druju darêjêg datanpa ambu | iku radèn yèn janmaa | digsura sugih durgama ||
9. kêmbang tongkèng gônda arum nora ngèdhèng | iku radèn yèn janmaa | pasaja tur ingupaya ||
--- 4 : 155 ---
10. kêmbang sana gônda arum wismèng wana | iku radèn yèn janmaa | miguna lumuh nèng praja ||
11. kêmbang waru asri mêgare tan dangu | iku radèn yèn janmaa | sêsongaran datan lana ||
12. kêmbang lampês nora endah nanging lêmês | iku radèn yèn janmaa | namung asring pinilala ||
13. kêmbang pulu warna bagus tanpa ambu | iku radèn yèn janmaa | kanggo nanging nora lana ||
14. kêmbang dhuru nèng dhadhah datanpa ambu | iku radèn yèn janmaa | ngrikuhi datanpa karya ||
15. kêmbang jêruk sumrik gandane tumanduk | iku radèn yèn janmaa | bisa wèh rênaning driya ||
16. kêmbang nyamplung rigole asring kacêmplung | iku radèn yèn janmaa |
--- 4 : 156 ---
numpal kèli uripira ||
17. kêmbang maja gônda arum adoh praja | iku radèn yèn janmaa | tangèh lamun winicara ||
18. kêmbang gayam tan pisan dèn ayam-ayam | iku radèn yèn janmaa | wusana kanggo ing karya ||
19. kêmbang bayêm warna kuning sêmu ayêm | iku radèn yèn janmaa | labuh labêt saking trêsna ||
Bawa
III. Pamularsih
1. nihan siswa umatur | marang Risang Maha Yogi | Sang Wipra kadiparan | karsaning Hyang Udipati | yogya saliring warna | kang gumêlar anèng bumi |
--- 4 : 157 ---
mugi ulun têdahna | tandya sang wiku anjarwi ||
Katampèn ing gêndhing
III. Rajaswala
1. surya côndra daru kartika samya | amadhangi jagad traya wimbuh | wèh martana sakèhing dumadi ||
2. mega kuwung teja wangkawa samya | angrênggani ngantariksa mawèh | sukèng driya sakèhing dumadi ||
3. brama tirta myang bayu bajra samya | angobahkên sabuwana bisa | wèh martana bisa gawe curna ||
4. tasik arga myang wanawasa môngka | sasananing buron samya dadya | upajiwa sakèhing dumadi ||
--- 4 : 158 ---
Bawa
IV. Kusumastuti
1. dhuh kulup putraningsun | sirèku wus wanci | pisah lan jênêng ingwang | ywa kulinèng ardi | bêcik sira nèng praja | suwitêng narpati | amung ta wêkas ingwang | ywa pêgat têtèki ||
Katampèn ing gêndhing
IV. Sitamardawa
1. sang katang apindha rayung hèh robaya | Patih Sri Surya Buwana pantèn | mupung mudha pruitoa ||
2. sambêr lilèn sabèng ranu hèh robaya | gêlar sata pôncakara pantèn | ingkang bisa ulah praja ||
3. Raja Putra Nglesanpura hèh robaya |
--- 4 : 159 ---
toya kandhêg winisaya pantèn | ingkang sêtya ambêg arja ||
4. parabe Sang Dwijawara hèh robaya | têpi wastra rinumpaka pantèn | iku padha dèn upaya ||
5. gribig gêng kang munggwing ranu hèh robaya | tanaya Pandhita Druna pantèn | pirabara yèn utama ||
6. nungkara datanpa sastra hèh robaya | parabe Sang Dananjaya pantèn | ra-orane kang samadya ||
7. êmpu adi Majalêngka hèh robaya | surya lumêbèng ancala pantèn | kang supaya sumurupa ||
8. pandaya pangulah kisma hèh robaya | dene rêgêding pawaka pantèn | laku-lakuning ngawula ||
--- 4 : 160 ---
Bawa
V. Mintajiwa
1. larasing rèh sang nahên kung | ing dyah tan kapadhaning sih | kasangsaya ing turida | rudatine angranuhi | ngrancaka têmah wigêna | ginupita ing saari | rinipta pama puspita | pantês patrape kang warni ||
Katampèn ing gêndhing
V. Puspawarna
1. kêmbang kêncur kacaryan anggung cinatur | sèdhêt kang sarira | gandês ing wiraga | kèwês yèn ngandika | angênganyut jiwa ||
2. kêmbang blimbing pinêthik bali ing têmbing | maya-maya sira |
--- 4 : 161 ---
wong pindha musthika | ratuning kusuma | pathining wanodya ||
3. kêmbang durèn sinawang sinambi lèrèn | dalongop kang warna | sumèh sêmunira | luwês pamicara | angêngayuh driya ||
4. kêmbang arèn tumangkul anèng pang durèn | sadangune kula | mulat ing paduka | anganggit puspita | têmahan wiyoga ||
5. kêmbang gêdhang manglung maripit balumbang | patute wong ika | têdhak ing ngawirya | sêmune jatmika | solahe pasaja ||
6. kêmbang jati sinêbar ngubêngi panti | anjangglêng kawula |
--- 4 : 162 ---
ngêntosi paduka | sèwu datan nyana | lamun nimbangana ||
7. kêmbang jambe mêgar ngambar wayah sore | kamayangan kula | tamuan paduka | pangajaping karsa | paringa nugraha ||
8. kêmbang kapas pinêpês anggung pinapas | kapidêrêng kula | kêdah ngèstupada | cumadhanging karsa | badhe tan lênggana ||
9. kêmbang pandhan mawur sumêbar nèng jogan | tumêdhak paduka | ing panggenan kula | sampun wancakdriya | kawula srah jiwa ||
--- 4 : 163 ---
Bawa
VI. Palugon
1. palugon laguning lêkas | lukita linuting kidung | kadung kadêrêng amomong | mêmangun manah rahayu | aywana kang tan agolong | gumulung manadukara | karananira mangapus | puspita wangsalan sêmon ||
Katampèn ing gêndhing
VI. Puspanjala
1. kêmbang nipah sumêbar têngahing sawah | dongong bae ing pacake | kêdhèp têsmak pamandênge | pratôndha gêdhe melike | kakang Janaraga ||
2. kêmbang salak sinêbar anèng bêbulak | kathêkêran pangarahe |
--- 4 : 164 ---
nora bisa pratikêle | wêkasan kaku atine | kakang Janaraga ||
3. pupus têbu dèn udut kukuse mambu | glêgas-glêgês pangrimuke | kadhêkêsan palungguhe | watak tan sabar karêpe | kakang Janaraga ||
4. kêmbang suruh balasah saengga uwuh | drengas-drèngès pangucape | nora tajêm polatane | tôndha kawêlèh akale | kakang Janaraga ||
5. pupus puyang rinajang dadi sadhulang | ngirih-irih panyêdhake | têka lêmês wicarane | wêkasan luntur asihe | kakang Janaraga ||
6. godhong mlinjo kinêla lali mring bojo | ngoso-oso tênagane |
--- 4 : 165 ---
jêlah-jêlèh pangucape | pratôndha mèri marune | kakang Janaraga ||
7. êbung laos ginudhang ginawe caos | gêdrag-gêdrug tênagane | bêning lêri polatane | pratôndha ngontor atine | kakang Janaraga ||
8. kêmbang jêring pinêthik ambune manjing | angacuwis mring tanggane | ngandhakake ing wadine | labêtan kanggo lakine | kakang Janaraga ||
9. kêmbang pête sinambung rinante-rante | kongsi pêndul panangise | nora nana kang anggape | labêt kinèwèr bojone | kakang Janaraga ||
10. kêmbang lumbu lumembak katut ing banyu | cancalane kèh gawene |
--- 4 : 166 ---
nora kobêr paturane | lugune saking kêsède | kakang Janaraga ||
11. kêmbang krambil pinènèk papane rumpil | têgar bae sêngadine | nora ngowêl mring jarane | batine ana êsire | kakang Janaraga ||
12. êbung kunci rinajang anggung pinrinci | boros bae tênagane | nora urup panggolèke | wêkasan susah atine | kakang Janaraga ||
13. trubus gêdhang tinandur dadi saluwang | mokal-mokal ing kandhane | lumuh kasor ing padune | pratôndha cupêt kawruhe | kakang Janaraga ||
--- 4 : 167 ---
Bawa
VII. Pranasmara
1. nèng Karangdhêmpêl lêledhang | Kyai Lurah Sêmarsma pranakane | miyat kêbon-kêbon têgalan alèrèn | sami ngundhuh tarupala | suka sindhèn sêsêndhonan | sarwyanjogèd gênti-gênti ||
Katampèn ing gêndhing
VII. Tarupala
1. pêlêm-pêlêm kang ginunêm | ginita ginawe langên | baku bala madu gônda | katon cêcangkokanira | lir podhang ingkang busana | golèkana sira-sira duwa | kapopoh wani toh jiwa ||
2. jêruk-jêruk kinalumpuk | kinarya langên pakantuk |
--- 4 : 168 ---
bali butun ing krangean | ngundhuh katès dulu macan | ngoprok anèng paleteran | ginulungan murut-murut mêksa | kinuwik rinanjam ngasta ||
3. jambu-jambu kang kalêbu | labaning panglipur kalbu | wungu Radên Sudarsana | kapok nitih kluthukira | mathokal ngrikil kang marga | klumut toya putih-putih pindha | arum lir lêgèn kalapa ||
4. kacang-kacang kang kinuncang | kinarya langên kinarang | ngigêl Kyai Ôngganala | sondhèr cindhe ijo dawa | ngalèwèr ngèndhèl lir Cina | gleyor tiba wungu-wungu kêna | tunggak ruji kucu wrêksa ||
5. kara-kara winicara |
--- 4 : 169 ---
winarah winor ukara | mantri bêton kang gajihan | mas kapriandong lumutan | nunggang wêdhus ingebegan | loking jana nguncis-nguncis kadya | lutung irêng tanpa netya ||
Bawa
VIII. Pangajapsih
1. singaranu panusuling magut pupuh | baya tan bantu ing branti | kawi sêkar srana pambengkasing rapuh | mung kusuma bisa wèh usada wuyung | ciptèng driya andhêging ukara kidung | sêdya kula ngèstupada | sarpa krêsna puspa jurit | mung andika masku | kang sung barubah ing galih ||
--- 4 : 170 ---
Katampèn ing gêndhing
VIII. Puspagiwang
1. parabe Sang Marabangun | sêpat dômba kali oya | aja dolan lan wong priya | gêramèh nora pasaja ||
2. garwa Sang Sindura Prabu | wicara mawa karana | aja dolan lan wanita | tan nyata asring katarka ||
3. sêmbung langu munggwing gunung | kunir wisma kêmbang rêta | aja gugu ujarira | wong lanang sok asring cidra ||
4. gêntha gêng kang munggwèng panggung | jawata pindha Arjuna | jaman mêngko kawruhana | wong wadon kèh ngamandaka ||
5. kramane sawolèng[2] kayun |
--- 4 : 171 ---
ayam kuncung sabèng wana | padune cuwa ing karsa | wuwuse tan mêrak driya ||
6. buratpada brakutut gung | sujanma misayèng mina | bok iku dèn langgatana | dhokohe asor wong jala ||
7. gatrane kang kêmbang randhu | wogan alit tumbal wisma | kêmaruk nêkani karsa | tan kêna mèngèng sadhela ||
Bawa
IX. Kinanthi
1. Atagopa klênthang-klênthung | mring sawah anyangking kudhi | angendhangi rowangira | kang samya anambut kardi | sigra wau ingundangan |
--- 4 : 172 ---
tinanya sawiji-wiji ||
Katampèn ing gêndhing
IX. Lêbdasari
1. amo[3] tani among tani | cacahêna wohing dami | pira kèhe lan jênênge | sun arsa miyarsakake | pari sokanandi | tambakmênur lan cêndhani | papah arên mênthik wangi | jaka bonglot pêndhok wêsi | dhudha ngasag dhudha ngasag | dulu rôndha mèntèr-mèntèr ||
2. among kisma among kisma | gêdhangira cacahêna | pira kèhe lan jênênge | sun arsa miyarsakake | raja sèwu nagri | mara seba mring Bêtawi |
--- 4 : 173 ---
ambon kusta lan bêcici | asri wulan raja wlingi | tan graita tan graita | byar midak pasaban cêmpa ||
3. among kisma among kisma | tela pêndhêm cacahêna | pira kèhe lan jênênge | sun arsa miyarsakake | kênthang balerante | gêndhurak lawan sênggani | sêmbawa lan kunir konyit | mênèt mênthik blitung putih | Ki Jasêtra Ki Jasêtra | nunggang jaran klambi jingga ||
4. among kisma among kisma | talêsira cacahêna | pirang rupa lan namanya | ingsun arsa sumurupa | kimpul dhêmpêl wangi | bêton centhang senthe linjik |
--- 4 : 174 ---
lêmpuyangan talês pari | jambon bêntul bêrèt grigit | gagak gêlo gagak gêlo | mring laosan gondhol tômbra ||
5. uwong desa uwong desa | pala pêndhêm cacahêna | pirang rupa lan namanya | ingsun arsa sumurupa | uwi bêras lêgi | abang kulit lan sênggani | ula alas mêmayangi | wilus cicing madha warni | rondhas luku rondhas luku | glêpung kêtan kunir têmu ||
6. uwong desa uwong desa | dêlingira cacahêna | pirang rupa lan namanya | ingsun arsa sumurupa | êpring pêtung-pêting | rampal ori ampèl gadhing |
--- 4 : 175 ---
wulung gêsing lan pring lêgi | gêndani tutul cêndhani | uwong Jawa uwong Jawa | nyêkêl apus nyangklak[4] kuda ||
7. tuwa buru tuwa buru | cacahêna dhangkèl êmpu | pira kèhe lan jênênge | sun arsa miyarsakake | têmu glènyèh lathi | irêng lawak êpoh giring | bêngle jahe kunir kunci | puyang gajah kapur êmprit | sunthi kêncur sunthi kêncur | pinêpêt anèng laosan ||
Sêkar Sarigadhing
1. kêmang-kêmung bêndhe cilik ngalun-alun | ra dede bêndhe cilik | ra dede bêndhe cilik |
--- 4 : 176 ---
bêndhene paman juragan | tak petangane jêngglèng | tak petangane jêngglèng | wong ika sapa jodhone ||
Dhawah Ladrang Manis Widara Kuning Pathêt Barang
1. garwa sarpa raja putra ing Madura | kang ginita kèn priya anandhang brônta ||
2. mugut pala rawining kang ringgit purwa | kang pinêthik lakone Jaka Pramana ||
3. kawi jiwa baladan kang têmbung Jawa | atmajendra ing Pagêlèn prajanira ||
4. jarwa roga palabuhan nuswa Jawa | lawan rara kumênyar putri Japara ||
5. kayu rêngka jalak gêng kang pilis pita | jalarane saking menco wèh wiyoga ||
6. trah ngawirya wardining kang pulas carma | Radèn Jaka Pramana ingkang winarna ||
7. ngular dhustha sadpada lit talèng kisma |
--- 4 : 177 ---
ingkang kêna sambang tuturing kukila ||
8. perak tulya naga putra widayaka | têmah linglung kalênglêngan lara brônta ||
9. saji siswa arane basa nawala | nadyan lamong nyalêmong tanpa ukara ||
10. rubèng garwa dhustha wèri jaladara | kaya ngapa kang gawe lara wiyoga ||
11. tanu gangga narmada nir tirtanira | mendah baya ing benjang yèn kasat mata ||
12. kèn ing Daha kukila kulêm sabawa | kiraningsun dasih ta datan sarônta ||
13. glagah pita pandaya mardi sarkara | ingsun pondhong kusuma mring pagulingan ||
14. guwa tirta puja pangruwating wisa | aja rongèh gusti bok mênawa tiba ||
15. barang lama pabangun atêping wisma | eman-eman wong ayu kalamun lara ||
16. iring muka watang wadung winursita | sun pêpinta aja wangkal marang priya ||
17. ngluri marga pusara takiring wisma |
--- 4 : 178 ---
anuruta ra-orane nêmu siya ||
18. laji jiwa sotya rêta ing kalpika | asarea mirah sun bantali asta ||
19. têpus rêta dhandhan lit panggusah sata | sun dongèngkên uthak-uthak ugêl sira ||
  1. tanpa. (kembali)
  2. sawalèng. (kembali)
  3. among. (kembali)
  4. nyengklak. (kembali)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar